Minggu, 11 Maret 2018

Pepiling

Roro Ireng
" Rebutan balung tanpo isi "
tegese wong sing mung podho golek benere dhewe.. Podho adu pangerten, kabeh rumus dalil metu, nanging bener sing digolek'i ora genah pok pucuke.

Mbok wis,opo gunane rebut bener, yen kabeh podho rumongso bener.. Menang olehe opo, kalah sing dikalahke sopo, paribasan Menang dadi areng, kalah dadi awu..
Mung rugi sakabehane..

Sing waras ngalah, tegese luwih becik meneng, ora perlu ndhuwurake ego kanggo rebut bener karo wong sing kuminter. Kanthi mengkono mbokmenowo malah biso gawe tentrem ayeme kahanan..

Jare simbah, sing diarani pemenang kui ora kudu terus menang, nanging kadangkolo kudu wani ngalah, kanggo gawe ademe kahanan. Mbokmenowo ngono kui sing diarani " Menang tanpo ngasorake ".

Jaman saiki pancen okeh wong ngajak bener, nanging sithik wong sing biso nyonthoni bener.

Ayo, ora usah podho padudon rebut bener kanggo bab sing durung genah kabenerane. Sing kudu di ilmuni kui akale, dudu ilmune sing diakali..

MENANG PERNAH.. KALAH KULINO. PASEDULURAN LUWIH UTOMO

Tertib, ora kakehan pethakilan..
Urip rukun tentrem ayem..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar